"Pitutur Mbahe-Simbah"
Awakmu musti sering krungu istilah "nek rejeki kui wis dijatah karo gusti Allah.
Tapi mslhe ora kabeh wong yakin karo istilah kui dan alasane cm 2, yaitu ora paham karo ora gelem paham..
Ben gampang mahami mbahe simbah pernah ngomong nek wong golek rejeki kui podo karo wong rewang (bantu tanggane seng nduwe gawe/hajat gede).
Slama iki biasane wong rewang cm nduwe 2 alesan, yaitu:
1. Rewang mergo kawatir ora oleh kiriman sego.
2. Rewang mergo seng njaluk tulung tanggane.
Penjelasane ngene:
1. Rewang mergo kawatir ora oleh kiriman sego kui podo karo istilah "ora ubet ora mangan".. wong koyo ngene kui selalu perhitungan termasuk karo gusti Allah..
Dlm pemikirannya nek aku ra rewang yo aku ra mungkin oleh jatah kiriman sego.. podo karo aku ra kerjo yo aku ra mangan..
Mslhe opo nek rewang musti oleh kiriman sego?
Mungkin wae tanggamu lali jatah.. seng parah neh nek tanggamu memang ora jatah..
Smntr nek memang jatahmu , walaupun ora rewang yo tetep dikirimi toh!
2. Rewang mergo seng njaluk tulung tanggamu kui podo karo "seng penting ubet ora meneng".. wong koyo ngene kui ora mikir hasile piro, seng penting tetep usaha maksimal lan ikhlas..
Dlm pemikiranya wong seng njaluk tulung tanggane mosok ora dibantu, mslh arep dikirimi sego po ra yo ora ngurus.. toh slama rewang yo ora mungkin ora dicepakne mangan karo tanggane seng nduwe gawe..
Intine wong usaha kui wajib tp mslh hasil yo g usah nuntut mergo memang wis dijatah..
Toh kerjo ra kerja awakmu tetep iso mangan?
Termasuk sugih ora sugih kui jg jatah..
Podo karo jodo lan mati..
Saiki seng penting ubet ojo meneng tok..
Doa tanpo ubet podo karo wong menghayal..
Ubet tanpo doa podo karo wong nekat..
Seng wis yo wis, mulai saiki dibenahi uripmu yo luurr.. 😁🙏
Salam seko mbahe-simbah
Monday, August 24, 2020
PITUTUR MBAHE SIMBAH
Subscribe to:
Post Comments (Atom)
No comments:
Post a Comment